Senin, 07 Desember 2009

mendoan ala capaloo


"ramane monggo niki mendoaneanget..angetgurih nylekamin rasane...."ya kuwe salah sijine penggalan saka lagu mendoan...Mendoan kuwe jajanan kang asli banyumas. mula kuwi dhewek bocah - bocah CAPALOO ya wis kenal karo apa si jane kuwe mendoan.mendoan kuwe jere saka tembung mendo lan pangan. dadi mendoan kuwe yo.. MENDO - MENDO dipangan. pancene bener mendoan kuwe enak banget lan rasane nylekamin nek disungguhaken mendo - mendo lan anget - anget. bocah SMANSA ya kaya kuwe, seneng banget malah rebutan nek ana mendoan anget neng kantin.kanggo bocah capaloo kuwe nek langka mendoan uripe krasa kurang lengkap. masalahe mendoan kuwe ibarate nek kanggo wong barat kuwe kaya hamburger utawa sandwitch nek wong italy ya critane pasta lah pokokke. eitzz tapi aja salah, senajan mendoan kuwe mendo tapi justru mendoan kuwe sing gawe bocah bocah capaloo JOSS pisan, dadi ya ora melu - melu mendo lah kasarane.lan neng ngisor iki cara - carane gawe mendoan ala capaloo:1. tuku tempe kang enak biasane sekang tempe SUMPIUH lan diirisi2. cepakake bumbu adonan kang kagawe saka trigu, uyah, muncang, bawang, brambang, ketumbar3. campur tempe nang njero adonan4. Goreng kanggo minyak kang bisa gawe tempe kuwe kanclub5. nah iki sing beda cara nggole mangan : biasane bocah CAPALOO pada madaih mendoan nang plastik terus dicampuri kecap... umm YummYY

Tidak ada komentar:

Posting Komentar